Jumat, 26 April 2013

TRESNO iku wes ginaris saka GUSTI...


Dening: En-Ca Tyas
Cahyaning langit iku cerah,nanging tan secerah rasaning atiku dina iki. Aku ora mangerteni keneng apa atiku kaya  mangekene . Keneng apa atiku iki ??kok aku bisa ngerasa isin,mangkel, seneng, susah yen ana kaitane karo ikhwan ( cah lanang ) siji iki. Kawitane pas ketemu dek biyen, setahun kepungkur aku ketemu .
“ jadwal kuliahe dewe ki sek semester 1 bung, lah sek mbok stabilo kok smester 3 barang??” kanda Q marang salah sawijining cah lanang gagah,duwur kang lungguh ing sandingku. Deweke nganggo kemeja biru tua, nambahi katon prasaja.lan senajan urung kenal aku nyoba ngewanikake mbenerake barang kang luput. Nek pengen ngerti jenengku Zahra Nur laili. Celuk ae Aku Zahra, kaya kanca-kanca podo nyeluk aku Zahra. Lan cah lenang kang nembe tak critani mau jenenge Tubagus Imamul Ardhi, jeneng kang apik memang. Kang di gadang karo wong tuwane ben bener-bener dadi imam kang apik. Yen dikaji saka maknane jenenge cah lanang bagus iku, mestine wong tuane duwe pengarep supaya dewekke bisa dadi imam ing bumi. Yen arti saka jenengku yaiku kembang kang dadi cahya ing wengi.wah...bener-bener wong tua kita ngenei jeneng kang endah kanggo awak dewe supaya tindak tandukke lan tata lakune uga apik lan migunani dening bangsa lan negara. Amin...lan iku mesti disyukuri pra kanca....
” ya...ya...ya...” imam  mung njawab cekak aos.
Lan let sedilit Bu Puji Dosen kang ngampu mata kuliah Dasar-dasar ilmu sosiologi mlebu ing kelas. Lan  perkenalan sinambe ngabsen aku lan pra kanca merga tahun iku aku isih ing posisi maba (mahasiswa baru), nek saiki ci....julukane wes pindah alih dadi Malaba. ( mahasiswa lama baru ) hihihihi...
Ora kerasa uwis setahun aku kenal cah sek jenenge imamul iku, lan gelar ing jeneng ngarepe uga udu sembarangan, merga iku gelar kasultanan lan bangsawan banten. Aku salut marang deweke, rasa PD’ne gag terkalahkan oleh siapapun...ibarate apa wae tetep maju....urung meneh eseme kang ngujirat kang mesti mampir ing praupane kang bagus.lan jumbuh karo jenemge kang bagus nanging tingkahe uga bagus tur nyenegke. Deweke aktivis kampus lan aktif ing kegiatan dakwah kampus UNY lan wektu setahun kepungkur deweke uga aktiv neng organisasi Rohis. Deweke uga dadi tutor, melu mbimbing ade-ade tingkate (kaya Asistensi mata kulliah pendidikan agama islam) lan alhamdulillah tahun iki aku uga kalantik dadi salah sawijining Tutor akhwat (kaum perempuan) .
Ora kepengen munafik aku ya ngaku nek senyume tansah ngujirat ing ati, mula yen ketemu deweke aku tansah njaga pandenganku, supaya tan ana panah-panah geni kang kelempar dening setan bisa ngrasuk. Lan iku tansah tak jaga,lan aku ngerti semono uga kang di tindakke Imam.
* * *
”Assalamu alaikum wr.wb ukhti....” aku kaget teka-teka ana suara uluk salam ing sandingku.lan ternyata imam
” wa’alaikum slam wr.wb ya akhi” ku jawab salame Imam. Lan kita tetep mlaku sesandingan kanti jarak kang lumayan adoh, senadjan tujuane aku lan Imam pada ing Ruang kuliah G.102.
”sampun siap presentasi Sejarah Indonesia masa Islam ukh?? Untuk hari ini membahas Kerajaan Banten lan Cirebon to ukh??” pitakone Imam marang aku
“ iya akh...koQ tw klo klompokku kang bakal maju??” takon ku semu gumun.
“ ya tw lah ukh....” jawabane mung cekak, marakke nggawe penasaran, nanging aku mung bisa meneng tanpa nakokake meneh keneng apa deweke bisa mangerteni..
Lan dina iki aku wes tampil presentasi lan apresiasi saka kanca-kanca apik. Okeh kang aweh pitakon, lan ngei tanggapan lan sanggahan. Lan akhir presentasi kelompokku di sambut kanthi keprok sorak .alhamdulillah presentasku dina iki lancar. Tak liriking palungguhe Imam kang sakjane seneng mapan ing ngarep bagea pojok. Eh sek dilirik uga lagi ndelok ing arahku... aduh uisine...ketahuan curi-curi pandang. Ya Allah....ngapurana aku...aku tan bisa mungkiri yen ana Tresna saka ati iki kang paling Jero. Lan mbuh kenapa yen aku ketemu ro deweke yen ora nek aku ngerti deweke lagi ing cedakku, aku ngerasa ana rasa kang beda. Atiku tansah gumesir lan dag-dig dug ora karuan.... ya Allah apurana aku yen rasa iki luput. Sek aku ngerti, aku ora pengen dadi pacare T. Imamul Ardhi. Tapi aku kepengen dadi Bu. T. Imamul Ardhi. Dadi istri kang salekhah lan dadi zahra (kembang atine mas Imamul) .lan Imamul bener-bener dadi imam kang saleh kang nuntun aku  lurus ing dalan-Mu. Aku tresna Imamul merga Allah...merga sifat-sifate kang apik. Walapun ora munafik yen fisike Imamul uga ora kalah .
Kuliah Sejarah Indonesia Masa Islam rampung lan kabeh kanca-kanca pada metu saka ruang kuliah.lan aku isih tetep nyelem ing lamunanku sakdurunge sobatku sek Jenenge Titin ngagetke aku.
“Woi....!!! bu Usztadzah ngapa ngelamun??”
“eh?? Ora nglamun koq....”jawabku sak kenane.
“walah....jelas-jelas wes kepergok koq....mengko kerasukan loh”
“ ya kerasukan kamu itu mbok....hehe simbok...simbok...” wes ket mbiyen yen aku nyeluk sobatku iku kanti julukan Simbok,hehehe nanging deweke ora nesu, merga aku lan dekke Wez dadi sahabat kang kentel.
“mikiri apa tow bu ustadzah?? Calon suami ya???” celatune sakkenane
“husT..ngawur....” aku mung mesem, aduh, Mbok Titin memang selalu paham apa kang isih ana ing pikiranku. Gawat ki, konangan...hehe
“ aku ngerti koQ ra....apa kang mbok pikirke....nadyan awak dewe nembe sobatan 1 tahun iki...nanging nbuh kenapa kawit pisan ketemu awakmu, aku wes ngerasa yen kowe bakal dadi sobatku. Lan aku kaya wes kenal kowe suwi Ra.” Mbok Titin ngeyakinke aku...
Sakala aku meneng, aku pengen Curhat karo kowe mbok Titin,,,ben aku rada plong batinku.....tapi, ing sisi liya aku urung sanggup nyritakke ro kowe...merga tak pikir urung saate aku ngaku yen aku pengen taarufan ro imamul lan kepengen Imam bener-bener dadi Imam ing keluargaku sesok.mungkin isih terlalu dini. Rada Suwi mbok Titin nunggu wangsulanku, lan ra ana tanggepan.
“Ya wes...nek kowe ngrasa urung saate kanggo Crita, ora ngopo. Tak tunggu kapan kowe siap crita ro aku...” tangan lorone mbok Titi demok pipi loroku sinambi ngomong iku.
Kuwi kan...tanpa aku ngomong pun aku mbok titi ngerti apa kng ana ing pikiranku,,lan tak wangsuli nganggo senyum kang kebaak arti. Aku janji mbok....mengko yen wez banget tepat wektune, aku crita marang kowe tentang rasaku marang T. Imamul Ardhi iku..
ANA CANDAKKE

Tidak ada komentar:

Posting Komentar