Dening :En_Ka Tyas
Ing wengi iku, seneksen lintang-lintang kang kumerlap
aku ketemu salah sawijining lintang kang paling cetha cahyaning . Lintang kang
tetep nyinar ing wektu awan…sapa lintang kang tak maksud iku?? Jenenge mas Andi
Pratama, celukanne Andi….pakulitanne kang resik, seresik sinara kang nyinari
atiku, madangi pikiranku,lan jiwaku. pokokne yen di gambarke, ilustrasine ki
kaya Leonardo de caprio…putih imut-imut gimana…gitu.he
Kabayang patang tahun 2 sasi kepungkur, wektu aku lan
kae isih pada-pada sekolah. Dek semono aku isih kelas 1 SMA ,sekolah ing SMA N
3 Pemalang.lan mas Andi juga alumnus SMA ngono.kanthi perdikat kang apik. Deweke
kalebu ing peringkat 1 paralel…pas iku mas Andi kuliah ing UNNES njupuk PGSD.Deweke memang saka keluarga biasa, nanging mas Andi duwe
tekat lan niatan kag kukuh kanggo nggayuh cita-citane. Nadyan bapakke pengsiunan
pegawai swasta . niat mulyane kanggo
ngangkat kauripan lan derajate wong tuwane lan adik-adike.
Dina iku, aku lali dinane dina apa lan tanggale tanggal
pira, ba’da shalat magrib aku dikancani
mitra raketku jenenge Susi dolan menyang daleme mas Andi. Aku nuyun pitutur
marang mas Andi bab mata pelajaran matematika. Lah kepriye meneh?? Jare ono
pribahasa isin takon sesat ing ndalan????dadi
aku inisiatif njaluk pitututr. EEeIIItTtzzz!!! Aja nyangka yen aku bodo!!
Wong takon urung tentu bodo loh ya…
Suwi olehku nunggu ing ruang tamu nunggoni mas Andi.
Mbuh jare ibuuke maz Andi lagi neng kamar “ tunggunana sedilit “. Mbuh apa sek dikerjakke maz Andin neng kamar, apa aku
ngganggu apa ora, aku ora ngerti. Ora let suwe, mas Andi metu saka kamar naggo kaca mripat,kaos abang lan celana dawa
ireng kanthi ngetokake jurus andalane….apa itu??senyumanne..hehehe. mas Andi
sek dikenal kalem, memang nuduhake kalemme. Ditambah pakulitane kang resik,
nadyan ora duwur-duwur amat nanging dewekke rajin shalat neng mushala.iku sek
ndadekake nilai plus kang banget nengsemake ati.
“wes suwi dek…,sus…??” mas Andi nyapa aku lan Susi kanthi esseme
kang sumringah
“ora kok “ jawabku lan susi kanthi suara kang kompak
“ngapurane yo mas aku ngrepoti…aku arep njaluk tulung diajari matematika.sebab aku during
paham banget dening bab logaritma iki “ kandaku sembari ngulungake soal-soal se
kana ing LKS. Duh Gusti….,aku deg..degan campur isin…merga aku sek ngrepoti
dekkne iku aku, sebab susi mung ngancani aku.
“coba tak waca soale…sek nomer pira dek??” pitakone maz Andi
“iki mas ,sek nomer 1.c “ jawabku
“oh….iki….ngene loh..
Maz Andi mulai ngajari aku, dijelasake kanthi alon…kanthi lembut nanging isih tetep
ngeyakinke supaya aku paham. Wes wetara suwe ulehku diajari lan 4 soal soal
rampung.
“paham dek..???”maz Andi nakoni
aku
”iya mas,matur suwun sanget
lho...aku mau jan ora bisa, tapi merga les dadakan karo iki dadi pinter je
mas...hehehe” aku ngejaki guyon
Alhamd,....nek ngono, lah endi bayaranne??”
welah jan ternyata ing walike
sifat kaleme, mas Andi juga nyenengake...Ya Allah jan sempurna banget ing
mripatku” nanging tetep.....sifat isin-isine isih ketok..hehehe
Sembari aku, mas andi lan susi pada gegojekan , ibuke Mas Andi sek
asmane bu. Inem teka nggawa camilan .
“wah iki ngrepoti saestu nggih bu” kandaku
“ho’o bu.....” Susi melu nambahi kanda.
“ah ora....biasa wae, kan kancane Andi.” Ayo
dimimik lan di mamemi nganti entek...nek ora mengko tak dukani lan ora pareng
mriki meneh loh....”
Ibuke mas Andi melu nambahi guyon.
“ah ibu...nek nganti telas nggeh mboten saget to
bu...lah kula mboten tedas piring lan gelas je bu,hehe” kandaku nambahi rembuk
Langsung kahanan mak gerr......suasanane ruang
tamu dadi malih rame....
Merga wes wayah setengah 9 bengi, aku lan Susi njaluk pamit, wes bwngi...ora patut nek
bali bengi-bengi lan mertamu nyampek bengi.
“mas aku lan susi arep wangsul....matur suwun
nggew wes gelem tak repoti” kandaku
“iyo mas....suwun yak “ susi nambahi rembuk
“alah.....rak opo. Sering-sering wae......ben
umahku rame..wani bali dewe to dek?? Apa tak ter nganti ngarep umah??” tawarwe
mas Andi
“rak usah mas....umahku kan cedak,mending ngeter
tyas wae kae lo....” perentahe Susi karo njawil aku.....sengaja arep macok2 ke.
“oh...hu’um dek...piye??? pitakone mas Andi marang Aku.
”mboten sah lah mas...tambah
ngrepoti, lagian mung cedak koq mas....aku wani koq....”
”oh ya wes...ati2 yo dek ”
“Assalamu’alaikum wr.wb” aku lan Susi pamit kanthi kompak
“pamit bu..” aku ngaras tangane Yu Inem,,ibuke Maz
Andi. Lan bali....
*****
iku kenangan dek emben...saiki
wes beda kahanane, aku weZ lulus SMA lan saiki aku lagi nerusake kuliah ing PTN
kang ana ing Yogyakarta.luwih tepate ing UNY jurusan pendididkan Sejarah,hehew
ben bisa nyelemi sejarah Indonesia,dunia lan sejarah ing urip ku
dewe...alhamdulillah wingi pas melu SMPTN aku lolos , lumayan....iso nggo bantu-bantu
ngirit-ngirit pengeluaranne ibuk lan bapakku. Ora kerasa saiki wes pada-pada
dewasa...setahun kepungkur aku entuk kabar yen mas Andi ngabdi ing salah sawijining SD ing daerah pemalang. Lan pas ana tes CPNSdewekke melu katut.lan
ditempatake ing Moga. Wilayang pemalang kang paling nggunung...kang terkenal
angel le golek banyu...ajameneh nek mangsa ketiga....tapi ya tetep
alhamduliillah. Mas Andi kalebu wong kang beja.
Suwi olehku gak ketemu mas
Andi, merga mas Andi memang ora tau lunga-lunga tetep njuplek neng umah
wae....nambahi pakulitane kang putih dadi tambah putih. Gag kaya aku...kang
item. Tapi ya tetep...item manis,kaya shireen Sungkar.! HoooWwEEEekkk!!! Ojo
percaya karo crita ku loh! Hehe. Tapi
okeh koq sek omong yen aku mirip shireen....jare kanca-kancaku.....
Sesuk arep masuk wulan
Ramadhan, tanggal 9 aku bal saka Jogja menyang Pemalang. Kuta kelairanku
tercinta...aku pengen puasa bareng keluarga ing Pemalang. Malem pertama shalat
tarawih, aku ndelok ing bagean ikhwan ( barisane
cah lanang ) ono blegere mas Andi. Mas Andi lungguh ing ngarep dewe, ing
mburine imam persis. Ya Allah....seneng banget rasane atiku, nadyan mung
bisa ndelok Mas Andi saka mburi. Atiku
kaya-kaya siniram banyu, mak nyes.....ademe yegerake jiwa. Ya Allah...apa kang dak
rasakke iki?? Rasa aneh kang ngademake ati, apa iki tresna?? Ya Allah...apa
anugrah-MU iku wes menyang atiku?? Wujud welas asih marang lawan jenis?? Ya
ALLAH, atiku bungah , seneng, sedih , campur dadi siji. Bungah iso nyawang mas
andi , seneng karna ketaman asmara lan sedih merga aku duruh bisa cedak karo
mas Andi. Muga ana dalan saking panjenengan Ya Allah...Amin
Bubar saka shalat tarawih
terus dedonga lan wayahe wong-wong pada bali, aku ketenu maz Andi. Tak ajak
mesem, tapi aku ora ngerti apa mas Andi paham yen tak ajak mesem, apa mas Andi
ndelok aku?? Lan apa mas Andi eling marang aku?? Cah ireng kang elek??
3 setengah tahun wes dumadi,
saiki aku wes nggunakake Jilbab, nutupi dada lan kabeh auratku, kang Insya
Allah siap ngibarake panj-panji islam. Aku uga aktif ing kegiatan tutorial kang
dianakke UNY ( Aku ndampingi adek-adek kelasku kang sekelompok tutorial pendidikan Agama Islam.
Yen 3 tahun kepungkur aku ora migunakake jilbab lan isih ngenganggo celana
jeans, saiki wes oa. Wes tak tinggalke kabeh kahanan kang elek iku. Saiki
kahanane beda. Aku wes migunakake klambi muslimah. Sek ana ing pikiranku saiki,
dudu kepiye carane entuk pacar kang becik sakabehe..nanging kepiye carane aku entuk bojo( ikhwan ) kang sholeh, kang becik solah
bawahe , santun lan bisa dadi imam ing keluarga mengkone., kayata mas Andi. Ya
Allah gustiku... aku yakin yen ora ana sek ora mungkin kanggomu. Muga mas Andi jodho ku...lan muga deweke golek
bojo kang apa anane, sek sederhana, dudu ayu fisik naging ayu ati..amin
Mas Andi...I LOvE You bECAUsE ALLAH. Ya Allah, pangeranku…apa rasa iki salah?? Aku
kepengen mas Andi dadi bojoku kang bisa mbimbing aku ing ndalanmu.. Amin.
Kanca-kanca kabeh....dongakke aku ya...^_^
TRESNA IKI
Kanggo mas Andi
Demi Allah... tresna ku kanggomu tulus
Jiwaku tansah ngerindu, pikiranku tansah
ngenang
Lan ilatku tan pernah kelu nyebut jenenge
Tresna lir banyu kang nyegerake lan ngilangake ngoronge penggalihku
Tresnaku kanggomu yoiku tresna kang Suci
Tan kecampur nefsu nadyan setitik awu
Nadyan wong-wong nginaawak dewe,
Ngusir, lan nyia-nyiakake awakku
Ana Candake
Salam saka En-Ca Tyas
Tidak ada komentar:
Posting Komentar