Jumat, 26 April 2013

TRESNA iku wes ginaris saka GUSTI part 2

Esuk iku, rikala srengenge nyumunarake sinare,, manuk-manuk cemruwit ing nduwur wit-witan, aku mlaku saka kost ku menyang kampus…memang jarak kost ku tergolong adoh tinimbang koste kanca liyane. Lan mesti setiap saat kancaku tekok “ ngapa nggak pindah wae Ra??” Aku mesem lan njawabi… wes kadung tresno karo kost ku….emang si adoh, nanging paling ora aku bisa olah raga saben esuk lan sore…gag ngapa kanggoku.” Aku ora peduli yen to sikilku kapalen utawa kasar…muga’a gusti paring ganjarane kanggo mengkone. Merga aku prihatin karo kahanaane keluargaku.. bapak kang mung pensiunan pegawai swasta lan ibu mung ibu rumah tangga nyebabake aku mikir, bisa kuliah wae aku syukur banget… Aku tekan kampus rada nelat setitik,,biasane aku setengah pitu wes tekan kampus nanging dina iki emang aku rada nelat. Aku tekan kampus jam pitu. Nanging alhamdulillah aku ora pernah nelat yen nyampe dosenne wez teka, lan aku mlebu ruang kelas. Kahananan wes rame banget. Pak Nurrokhman uga durung rawuh, saiba kagetku weruh Imam ora ana neng panggonne, biasane dewekke uga wez ndisiki teka. Apa dewekke ora mangkat? Apa mriang?? Mataku njelajahi sak isi ruangan nanging panggah ora ketemu. Mungkin dewekke bener gag mangkat. Mau pas di absent pak Nur ternyata dewekke Izin ora melu kuliah Sejarah masa Islam. “ mbok titin maem yuk…” pangajakku marang sohibku iku. “ ayuk…aku yo urung mam ki…” jawabe Titin.lan terus aku cah loro langsung meluncur marang sawijining Warung makan sederhana. “mau kok tumben kowo rada nelat setitik’e?? pitakone Titin mbukai rembuk “ owh…..mbuh ki, aneh wae koq aku ngrasa rada sungkan. Astaghfirullah….mesti mau aku digoda setan ya….” “haha....bukane kowe setan bu? Kog setan nggoda setan???hehehe guyon Ra, em....sungkan ngopo hayoo???merga pak ustad Imam ora mangkat ya?wkkwkwk....” “hah??? Apa ci kowe....pitakonan ora mutu kuwi...apa hubungane coba karo Imam??” Jawabku sak kenane. “hehe guyon Loh Ra....eh iya mau koq Salsabila kog uga ora mangkat ya....yo izin...enek acara keluarga yakke yo??” Titin tkon. Deg! Rasa ne ana sek aneh saka atiku...mbuh ngapa atiku ngrasa gag kepenak....ana apa iki? Tapi aku coba ngeyem-ngeyemi atiku, paling iki mung karna tugas kang numpuk lan durung dikerjakke. : he’em.....ana urusan keluarga mungkin “. * * * Esukke ing njero ruang kelas G.102 keprungu suarane akh khalim, sobate akh Imam. kang sakjane lagi omong-omongan karo wong ing njero telfone. Aku sek sebenere arep mlebu kelas, tak urungkke merga wedi yen ngganggu dewekke kang lagi ngendikan ing telfon. Lan lamat-lamat aku keprungu sek lagi di omongke. Ya ALLAH ngapurana ku, aku ora bermaksud nguping. Nanging aku mung tanpa sengaja keprrungu. “ wah...selamet nggih akh....sesuk nek wes wancine aku aku nyusul kowe wez.... dongakke yo...” kandane Akh Khalim Selamet....???nyusul....??? akeh pitakonan sajakke...nanging mung tak pendem. “- - - -“ “ wah.....apa iya dwekke bisa dadi pendamping hayatku??aku mung bisa ndonga...muga gusti Allah ngijabahi dongakku....doa restune shob....” Hah??ternyata lagi pada ngomongke pendamping yo??he... eh tunggu....’shob’?? berarte akh Khalim lagi caturan karo Akh Imam??penasaranku tambah gede.atiku ora karuan,, “- - - -“ “ tur nuwun ya shob....kowe meh izin gag mangkat seminggu ya shob?? Wah...ngiri aku...hehehe” Seminggu??ana acara apa to??koQ suwi banget??aku bakal....kangen....iku swara-swara ing njero batin. “- - - -“ “nek ana kesempatan aku ci kepengen ta’arufan kaya kowe iku....wong ndelok kowe karo Salsabil aku uga kepengen mbangun keluarga sakinah mawadah warohkhmah ....” Ya ALLAH...keprungu iku sirahku tiba-tiba ngelu,kahanan ing sekitarku mubeng lan.mak pet . aku ora eling apa-apa meneh rasane. Tangi-tangi aku wez neng kostku, di kancani mbok Titin, shobatku paling apik. Sakala aku nangis ngguguk lan sakwise aku mendingan aku crita sak kabehe pangrasaku menyang Akh Imamul, kang ternyata wez mbojo dek pertama ora mangkat kae...lan pernikahan iku emang sengaja ora dirame-rame. Mung walimahan ing omahe Salsabila. Kanca-kanca pun gag ana sek diundang kecuali akh Khalim. Sakwetara 1 Minggu iku aku ora mangkat . lan saiki tak tatag atiku, mlebu kelas sek kudu weruh akh Imam lan Salsabila..kang sengaja lungguh kepisah kareben gag gawe huru-hara. Ya Allah....ana perih jero atiku..Salsabila mesem marang aku, lan tak bales esem kanthi mripat makaca-kaca. Aku nyedaki palungguhane mbok Titin. La bocahe ngerti yen harus tindak apa. Ngibur aku....ngati sakwulan sawise kanca-kanca wez pada ngerti yen Imam karo Salsabil wez nikah. Atiku uga nggak sesakit mbiyen. * * * 21 Februari 2010 akh Imamul teko nggonku ngekekne Surat. Nanging anehe dekne teko karo bojone...ya Salsabil. Surat tak tampa, tekan kost ora langsung tak waca. Paling mung surate pasangan iku kang njaluk ngapura, malah kaya-kaya surate arep tak krues lan tak lebokke tempat sampah...nanging ati cilikku ngendika “aja”. Banjur tak tatag atiku lan mbuka surate. Jebule iku surat saka Akh Khalim, wong kang ora bakal tak sangka-sangka. Ikhwan (cah lanang alim) pinter, ora neko-neko nanging rodo isinan.hehe....beda karo akh Imam kang item manis kulit sawo mateng, akh Khalim pinter pakulitan putih ,irung mancung ,,Ya Allah...panjenengan paring pengganti kang endah lan paling endah...Saiki tahun 2012,wulan November, tanggal 1. masa-masa endah ing uripku merga tepat wingi tanggal 31 Agustus aku nglangsungake akad nikah karo kangmasku kang paling sholeh kang nuntu aku ing dalanmu Ya rabb.... Alhamdulillah tak panjatke rasa sembah nuwunku lan mas Khalim. Yogyakarta, 20 Februari 2010 Assalamu'alaykum wr.wb Matur nuwun banget de’ Zahra kowe gelem ngluangke wektu kanggo mbuka lan maca suratku iki, aku kang tan sanggup nemoni awakmu langsung, kang kaya pengecut bisane mung umpetan neng umah kaya keyong . aku isin merga kanggo ngulungke surat iki aku uga njaluk bantuane akh Imam. Aku ora ngerti apa usahaku iki bakal kasil apa ora ,nanging de’ tak suwun aja nesu karo aku, yen to umpama kowe wegah . Izinana aku ngungkapke rasaku iki, aku kang seneng ndeloki awakmu, kang tresno marang awakmu amerga akhlakul karimahmu, aku kang kesihir merga esemmu, aku nyadar iki luput ,dadi aku mung kepengen kanda, , , aku kepengen kowe dadi garwa ku, sigaring nyawa ku,,,ibu saka anak-anakku. Jawabanmu tak tunggu de’. Matur nuwun. wassalamu'alaykum ww Aku kang luput Khalim Miftahhudin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar