Sabtu, 27 April 2013

Oh...KEDUBE'ST...


Dening: En-Ca Tyas

Kahanane rame banget neng kelas, amarga guru Kewarganegaraan sing jenenge pak Kardi ora mlebu.Aku manggon neng kelas XII IPA 2, Wis meh wae lulus, sedelok maneh ujian nasional dilangsungake. Tapi sing arane bocah mbadung tetep wae mbadung ora pedeuli lebel ipa,ips utawa bahasa. Aku mbiyen ngertine nek mlebu kelas ipa, Duhh…bocahe pinter-pinter,anteng-anteng,lan mesti pada rajin-rajin. Oalah….iki malah suwalike,mbuh emang kelas ipa 2 ku terkenal rame lan dadi gossip ing antarane guru-guru. Nanging nadyan rame,tapi tetep yen lagi pelajaran ya rajin! Mung rame yen rak ana gurune tok!
Ketua kelasku jenenge Anto,bocahe duwur, rada ngganteng sitik lah…Ya mung kurange rada ora berisi wae….Apane??daginge…!Mula kerep di wedeni CUNGKRING tapi ya tampange ora jelek-jelek amat lah..! Yen tak ematke kaya..Trias The Changcuters kae! He..He..He..Ssssst!! Meneng wae mengko ndak bocahe krungu..GR mengko!  Eh iya nganti lali ,aku dewe durung nepangake jenengku ya?? Ya wis, jenengku Sekar Ayuning Galih. Bocah-bocah kerep nyeluk aku Sekar,nanging sekar iku kanggo boca-bocah sing ora pati cedak karo awakku.Yen kanca-kanca kentelku nyeluk aku Galih.
 “Galih!!” Temu-temu ana cah lenang gedhe,dhuwur,gendut marani menyang panggonanku. Aku wis kenal dedeg piadege bocah iku, sapa meneh nek udu Aziz. Aziz kae sebenere bocahe apikan,nanging yen lagi kumat, Uhh…nyemengitke banget! Merga iku akeh kanca kelas sek rada sengit marang deweke.
 “Apa ziz?” Pitakonku
 “Akh…Ora papa, BTW..sinau wae….kanca-kanca guyonan kok malah nyepi dewe ta?”
 “Emange ngapa?? Gag ulih? Lagian awak dewe arep ujian je…apa kowe wis siap?”
 “Wah... Yo siap nemen!!” Jawabe Aziz rada kementhus. Nanging  memang kaya kuwi sifate Aziz..PD!!
 “Ehh…kowe kok isih ireng wae sich?”
Galo! Rak kumat ta?? Aku dipoyoki ireng!! Sebel aku! Ora nyadar pa, pas wingi kae dheweke ngalem aku? Jare aku Esxotis...La kok lali! Sakala raiku rada umub, aku mbales moyoki Aziz!
 ”Yo ben ireng!! Tapi kan tetep ireng manis! La awakmu apa ora nyadar? La kowe ya gendut banget gitu?? Kaya celengan semar!”
Tapi sing dipoyoki malah ayem-ayem wae
 “Aku seneng kahananku sing saiki, gendut! Nandaake uripku mulya, yo po ra??”
 “Ah mbuh ah! Kana..kana lunga!” Usirku
Sakala Aziz lunga, suara geterane sikile Aziz  uga wis ora keprungu,lan aku mbacutake sinauku,
* * *
Bel istirahat keprungu, bocah-bocah pada metu nyang kantin,pada njajan. Ngelih sajake,la wong  ket mau guyonane mantep banget. Ya pancen sapa wae sing weruh uga bakalan ngguyu nyekikik...Dasar XII IPA 2.....
XII IPA 2 Duwe jeneng komunitas, Jeneng keluarga! Mertandaake yen ana lebel iku, berarti keluarga ipa2. Jenenge KEDUBE”ST ( Kelas Dua Belas” Sience Two) Sing ngoolek jeneng iku uga ketua kelase, Anto.Keren ta jenenge?? Berarti tap bocah ipa 2 duwe embel-embel KEDUBE”ST ing mburi aranne, Tuladhane...ANTO KEDUBE”ST, AZIZ KEDUBE”ST, ADI KEDUBE”ST, DWI KEDUBE”ST, SARI KEDUBE”ST, IZZA KEDUBE”ST. Aku uga entuk embel-embel kedube”st je..berarti aku diceluk SEKAR KEDUBE”ST. Ing kelas tercintaku uga duwe love story lho!! Ana Cinlok,ana rong pasang.Lan kabeh iku kanca-kanca kentelku,aku duwe kanca kentel loro. Jenenge Dwi Ananta, Karo Caca Maya Utami...bocah-bocah kelas njuluki ChaMay. ChaMay KEDUBE”ST.
Nach sing arep tak critaake iki, cinlok antara Dwi karo Adi, bocah iku yen ing kelas katon biasa wae, ora kaya wong pacaran, yen wayahe ngaso  uga dolan dhewe-dhewe.Tapi ya yen ing njaba sekolahan ora ngerti aku...Lengket  yak’e. Yen ChaMay, bocahe crewet,tapi atine....Wuuuh...TOP banget! Apike ora karu-karuan! Gelem nulungi kanca-kancane sing lagi susah. ChaMay uga tau dijodhoh-jodhohke karo bocah-bocah kelas...Ya ChaMay karo Anto...Waahh..yen lagi jejer,wuuh rame banget! Nganti bocahe isin,merga isine malah mlayu metu ninggalke Anto.Hehe..ChaMay...ChaMay. Pokokke KEDUBE”ST nduweni  kisah-kisah narik ati liyane, yen tak critakke kabeh dhawane ora karuan. Ana maneh  kancaku jenenge Lia, Lia KEDUBE”ST iku sering entuk julukan  ” Cah Lenang ” Ya merga kelakuane sing tomboy kaya cah lenang, tapi yen gelem dandan sithik,bocahe ayu.
* * *
Bel masuk wis cemruit, bu Asmawati mlebu menyang kelasku,amarga jadwale pelajaran Matematika.lan pelajaran matematika dina iki diisi  kanggo mabahas soal-soal matematika kang wingi di kon mgerjakke, lan sek ora bisa di kerjakke bisa ditekok karo bu Asma. Singkat wektu , jeritan-jeritan suara bel wes kaprungu, lan wes wayahe kanggo bali. Lan aku sengaja metu paling akhir sakwise bu. Asmawati. Eh ora ding....ternyata ana gajAh ing mburiku!!! Sapa gajah iku??? Ya Si Azziz ikulah....aku ngejomblak kaget koq temu-temu lawang kelas ditutup karo bocah-bocah Kedub’st. D kancing saka njaba. Asem tenan ...iki,,,,dikurung neng njero bareng gajah neg njero kelas!! Sebel!! Sebel!! Sebel!!. Iso-iso tarung karo gajah ki...lah lak yo jelas kalah..masa  semut siji lawan gajah???hah??? sampe titik darah penghabisanpun ga bakal menang. Rak tenan to....terjadi sesuatu!! Sssttttt....aja mikir sek aneh-aneh.
” Ziz....mbok iki dibantu buka to!!!” omongku rada mbengok sebel
” lak yo wes be to....yen dewe mbengok-mbegok njaluk tulung malah cah-cah kae do senengen.....” jawabe si gajah mung nyante.
”kok ngono???tapi aku pengen bali...” aku rada putus semangat
”mbok kira aku rak pengen bali pow?? Najis banget aku kekurung neng kene suwi-suwi bareng cewe item kaya kowe” omongane si Aziz nylekit neng ati
” heh!!!! Sebarangan kowe!!! Q ya ora sudi ngerti!!!!” jawabku ora kalah seru.
Sek din bentak malah asyik dolanan Hp.mbuh apa sek dikerjakke....
“heh???gajah!!! malah enak-enak smsn meneh...mbok usaha kek ben dewe iso metu...didobrak kek, apa piye! Masa awak lemu sak mono ora kuat..isin karo photone pak presiden galo!!” aku wes mangkel, omonganku gag digubris,Merga sebelku aku dadi nylemong sak karepku. Lan sek diomong kok tetep ora ana reaksi...mung ndelok aku sak dilit terus bali meneh saka kesibukane kang awal yaiku dolanan Hp. Coba nek Hp ku ora lowbat Q bisa sms kanca-kanca kanggo nulugi aku, ora kaya si aziz kang malah sibuk sms sek ora penting yakke.
Aku wes pasrah lan putus asa. Tenaga ku entek kanggo dobrak-dobrak lawang lan mbengok-mbengok. Aku lungguh ing kursi paling pertama. Nglamun,sepisan-pisan aku nglirik Aziz kang juga mule resah. Tapi sek tak tangkep Dudu resah merga kekurung tapi rasah sek liyane.ora let suwi dewekke mara neng panggonku...lan aku ora iso ngomong apa-apa meneh merga aku wes kesel.
“yas.....apuranen aku ya.....” abis ngomong kaya ngono deweke langsung mlayu menyang lawang metu. Sakala kaya ngapa kagetku ternyata lawange wes gagkekunci, lah gusti? Kok aneh???mau bener-bener kekunci....nganti tak dobtrak-dobrak tetp ora kebuka, tapi saiki Aziz malah iso mak slunung kaya Jin?? Trus kenapa Aziz juga njaluk ngapura?? Dina iki bener-bener aneh.
Sesuk esuk, tumben si Aziz wes mangkat .biasane aku kang number one??dina iki ajaib tenan....padahal Aziz biasane langganan telat. Aneh banget. Tak lirik si Aziz, lan sek dilirik kerasa, deweke juga ngelirik aku. Tapi langsung pandengane cepet-cepet dibuang neng arah liya...kaya-kaya emoh sampe konangan awakku. Ora let suwi gerombolane Si Aziz teko.rombongan iku seringdi sebut D’ Plengor...mbuh saka ngendi julukan iku, sek tak ngerteni saka crtia cah-cah julukan iku asale saka idene Aziz...kog aneh banget

“ keneg apa’e boZ kita iki?? Piye wingi awan sukses?? “pitakone Wahyu
“ gatot yu… wah isin tenan’e,,,malah kejadian sek ora-ora” jawabe Aziz
“hah??? Apa???” wahyu salah sangka.
“ngeres kuwi utekmu….!!!!” Jawabe Aziz.
“njuk apa? Hehe”
“aku malah ngejaki padu…huft….gatot yu….” Jawabe Aziz
Hah??wingi awan??padu?? apa sek di omongke cah loro iku?? Apa sek dimaksud kjadian wingi??dadi iki kabeh rencanane dewekwe ro gang’e???hrhrhrhggg….sebel
“heh!! Dadi wingi rencanamu lan rombonganmu iku hah??!!” aku mara neng ngarep mejane Aziz. Aziz dewe mung trima meneg, tapi wahyu sek njawabi.
“ kowe salah paham  sekar “ jawabe wahyu pengen njelaske, tapi aku kadung ora pengen ngrungokke sebabe aku wes mangkel lan sebel.aku mlayu menjaba.
Iku kedadean wektu rong setahun setengah kepungkur, lan sakwise iku aku ora tau sapa aruh Aziz meneh. Aziz juga kayane isin nek meh aruh-aruh aku, lan sampe kami lulus lan nglanjutke ng PTN , ora penah ketemu lan ora pernah aruh meneh.Aziz saiki kwe ng ndi?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar